Ahmad Albar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ahmad Albar
LairAhmad Syech Albar
(1946-07-16) Juli 16, 1946 (umur 77)
Surabaya, Jawa Timur, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanPenyanyi, Musisi
BojoRini S. Bono
AnakFauzi Albar
Fachri Albar
Fadli Albar
Wong tuwaSyech Albar (Ayah) lan Farida Al-Hasni (Ibu)

Ahmad Syech Albar luwih kondhang karo jeneng Ahmad Albar (lair ing Surabaya, Jawa Timur, 16 Juli 1946; umur 77 taun).[1] Karier kang diminati dhewéké ana ning jalur musik rock, meski mangkono dhewéké uga tau ngrilis tembang dangdut.[1] Lair saka pasangan Syech Albar lan Farida, Ahmad Albar kang biyasa diceluk iye [2] iku sukses karo grup musik kang legendharis, ya iku Goodbless lan Gong 2000.[1] Iye ngawali kariré ning dunya hiburan nalika esih dadi bocah, liwat pangung akting filem JENDERAL KANCIL nalika 1957.[1] Nanging, pangalamané ning babagan musik dimulai nalika dhèwèké ning ngumur sebelas taun,[1] karo kanca-kancané kang padha umuré mbentuk band cilik Bintang Remaja, meski rong taun diwangun grup band cilik mau bubar.[1] Salanjuté, dhèwèké berkarir karo Titi Qadarsih, Iye mbentuk Kuarta Nada.[1] Nanging band iki uga ora bertahan suwé, lan akhiré bubar.[1] Ning taun 1960 Iye menyang Walanda, mbentuk grup musik Take Five (1966), anangging grup iki uga bubar ning taun 1967.[1] Disusul ning taun 1967, dhèwèké mbentuk Clover Leaf kang akhiré ngrilis album lan lima single.[1] Nalika taun 1972 karo Ludwig Lemans, gitaris Clover Leaf, dhèwèké bali sekaliyan ngunjungi Indonesia.[1] Nyoba golèk personil kang akiré ning taun 1973, Iye, Ludwig, Donny Fattah, Fuad lan Jockie Soerjoprajogo dadi grup karo jeneng bandne God Bless.[1][2] Iye iku mantan saka artis Rini S. Bono, karo Rini dhèwèké duwé anak lanang kang saiki kondhang karo jeneng Fachri Albar (aktor).[1] Iye uga saudara tiri saka penyanyi dangdut Camelia Malik, saka bapak Jamaluddin Malik (aktor).[1]

Ning taun 2007, dhèwèké kejaret kasus narkoba ditangkap nalika dhèwèké ning ngomah, Cinere, Dhépok, ning tanggal 26 November.[1] Pulisi menemukaké sebutir ekstasi ning kamar mandiné, uga nangkap Jenny Chandra, buronan kasus 490 ribu butir ekstasi kang sadurungé wis tau digrebeg ning apartemen Taman Anggrek, Jakarta Barat.[1] Ning hasil tes urin Ahmad Albar tinemu kandhungan zat psikotropika kang biyasa digunakaké yang biyasa digunakan untuk kanggo ekstasi.[1] Nanging, anaké dhéwé Fachri Albar sempet dadi buronan pulisi amarga tuduhan duwé 0,3 gram kokain, meski hasil tes kang dilakoni déning dhèwèké ora positif, nanging négatif.[1] Facry kang nyerah ning tanggal 30 November 2007 iku akhiré bébas saka tuntutan.[1] Ahmad Albar diganjar vonis wolung wulan kunjara, karo denda Rp6 yuta lan mbayar ongkos prakara Rp10.000.[1] Iye resmi bébas ning tanggal 11 Juli 2008.[1]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u Ahmad Albar dipununduh tanggal 29 Juni 2011
  2. a b God Bless, Ahmad Albar dipununduh tanggal 29 Juni 2011