Gada Rujakpolo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Gada Rujakpolo yaiku senjata ampuh ingkang nduweni Raden Werkudara lan senjata iki sing gawe patih kabeh satriya sing duweni watak angkara murka lan sengit kalih Raden Werkudara. Gada Rujakpolo sakniki dados asma tugu anyar wonten kutha Purwokerto yaiku Tugu Gada Rujak Polo. Tiyang sing remen kaliyan donya pewayangan tamtu mboten asing kalih jeneng Gada Rojakpolo. Gaman utawa senjata meniki pralambang watak satria, jujur lan wantun.

Ing Perang Baratayuda, Raden Werkudara kasil mateni mangewu-ewu prajurit musuh, kathah bala kurawa sing mati kalih Raden Werkudara, Dursasana dipateni awake kanggo sumpah suci seka Dewi Dupadi ingkang kepengin mbasuh rikmanipun nganggo getih Dursasana. Duryudana dipateni nganggo gaman ampuh ingkang aran Gada Rujakpolo.