Kepetan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kepetan iku sing tembung kepet kang tegesé kipas. Ning artikel iki kepetan ya iku paésan umah Jawa kang ujudé kaya kipas[1][2]. Paésan kepetan duwé ukuiran ¼ bunder lan duwé sisih lengkung ombak. Kepetan ora akèh macemé. Warna kepetan manjing paésan kang prasaja. Paésan iki biyasa ana ning umah kang ana lawang lan patang aring sing bahan kayu. Umah kang ana paésan iki biasaé sing golongan wong beli duwé[1]. Pérangan gebyogé ora dipai warna, dadi polos kaya warna kayu[1]. Cara gawé paésan iki ya iku ditatah ning kayu. Kepetan biyasa ana ning lawang, jendéla, lan séjéné pérangan senthong tengah (petanén), senthong kiwé, lan senthong tengen[1][2]. Ning jaman Hindu, paésan iki ujudé sréngéngé karo séru sinaré kang akèh[1].

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c d e Dakung, Sugiyarto, dkk (1982). Arsitektur Tradisional Daerah Istimewa Yogyakarta. Jakarta: Depdikbud. kc. 164–166.
  2. a b Iswanto, Danoe (Juni 2008). "APLIKASI RAGAM HIAS JAWA TRADISIONAL PADA RUMAH TINGGAL BARU" (PDF). ENCLOSURE: Jurnal Ilmiah Perancangan Kota dan Permukiman. Volume 7 No. 2: 93. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2019-10-24. Dibukak ing 2017-07-12. {{cite journal}}: |volume= has extra text (pitulung)