Cirèng

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Cirèng sambel rujak

Cirèng ya iku panganan ing jinis nyamikan kang digawé saka glepung pathi lan diolah kanthi cara digoreng. Cirèng iku cekakan saka aci digorèng. Cirèng asring didol ing bakul pinggir dalan.

Cara nggawé[besut | besut sumber]

Piranti sing dicepakaké[besut | besut sumber]

  • 200 gram glepung pathi (tapioka)
  • 4 bawang
  • 2 lonjor godhong brambang
  • ¾ sendhok tèh uyah
  • ¾ sendhok tèh mrica bubuk
  • 1 sendhok tèh kaldhu bubuk
  • 180 ml banyu panas umub
  • Lenga kanggo nggorèng
Cirèng bubar digorèng

Cara ngolah[besut | besut sumber]

  1. Gepuk bawang banjur dirajang
  2. Campuraké bawang lan godhong brambang ing glepung pathi.
  3. Tambahaké banyu umub lan diudhak nganti kacampur rata kaya lém.
  4. Tambahaké uyah, mrica, kaldhu ung adhonan.
  5. Bentuk dadi gépéng kaya bergedèl.
  6. Gorèng ing lenga panas nganti mateng
  7. Cirèng bisa dipangan lan ènak nalika isih anget.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Resèp masak cirèng

Videyo masak cirèng