Dolalak

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Dolalak ya iku kesenian saka tlatah Purwareja kang awujud akulturasi budaya saka Walanda lan budaya tradhisional Purwareja. Nalika jaman Hindhia Walanda, Purwareja didadèkaké salah sawijining papan kang kanggo latihan militèr bala kang ora mung saka tlatah Purwareja waé. Para bala mau urip ing tangsi (barak). Kanggo panglipur, para bala mau yèn wayah bengi padha jejogèdan, nyanyi, pencak silat, uga ana kang dansa.

Rejo Taruno, Duliyat, Ronodimejo saka dukuh Sejiwan désa Trireja Kacamatan Loano lan pawongan liyané kang naté dadi bala bareng-bareng padha ngadegaké kesenian. Ing wiwitan, kesenian iki ora ana intrumèn kang mbarengi, mung tembang kang dinyanyèkaké bebarengan (koor)[1]. Kesenian iki desenengi déning masarakat. Amarga disenengi, kagunan jogèd iki banjur diwènèhi instrumèn lagu-lagu tangsi kang didominasi déning notasi do-la-la[2]. Saya suwé kesenian iki dijenengi dolalak.

Klambi kang dianggo déning tandhak (wong kang tukang njogèd) dolalak iku éntuk prabawa saka sragam kang dienggo déning saradhadhu Walanda[3]. Iki bisa didelok saka klambi lengen dawa lan kathok tanggung kang rupané ireng, pangkat ing dhadha lan pundhak, topi pèt, sarta kacamata ireng. Déné geganep busana kang saka adat tradhisional Jawa ya iku sampur kang tansah dienggo déning tandhak nalika nari.

Wiwitané, dolalak kawentar ing Désa Kaligana Kacamatan Kaligesing Kabupatèn Purwareja, banjur kawentar ing désa lan tlatah saubengé. Dolalak lumrahé digelar sewengi muput antarané papat tekan nenem jam kanthi cacah tandhak kang akèh amarga kagolong jogèd golongan. Mula saka iku papan kang dibutuhake kanggo nari kagolong amba. Pagelaran dolalak iku maragakake sapérangan jogèd kang saben jogèd dibédakaké nganggo tembang kang dinyanyèkaké, ya iku antarané rongpuuh tekan suwidak tembang. Saben ganti lagu, ana wayah ngaso sauntara kanggo para tandhak. Ing pucuking acara, salah sawijining tandhak bakalan nari kanthi ora sadhar amarga mendem (kesurupan).

Rujukan[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]