Ejaan Jawa Baku
Ejaan Basa Jawa béda karo ejaan basa Indonesia. Ejaan Jawa Baku iku cara nulis lan maca racaké kanggo Jawa Tengahan.
Aksara ‘a’ diwaca a, upamane: mangan, larang, ora, lan liyané
Aksara ‘a’ diwaca e, upamane: pandita, pamiarsa, pandega lan liyané. Diwaca pendito, pemiarso, pendego.
Aksara ‘a’ diwaca o-jawa, upamane: ana, apa, aja, lan liyané diwaca ono, opo, ojo
Aksara ‘e’ diwaca e, upamane: merem, pelem, ayem, lan liyané.
Aksara ‘e’ diwaca é, upamane: kéré, keré mété
Aksara ‘e’ diwaca è, upamane: tekèk, mènèk, golèk, lan liyané
Aksara ‘o’ diwaca o, upamane: ora, bodo, koplo, lan liyané
Aksara ‘o’ diwaca o-jawa, upamane: kothong, bolong, kolor lan liyané
Aksara ‘i’ diwaca i, upamane: nini, sisi, pipis, lan liyané
Aksara ‘i’ diwaca é, upamane: alis, mulih, malik, lan liyané diwaca alés, muléh, malék.
Aksara ‘u’ diwaca u, upamane: yuyu, wagu, guru, lan liyané
Aksara ‘u’ diwaca ó, upamane: mabur, katut, lamur, lan liyané diwaca mabór, katót, lamór
Ana aksara-aksara sing diwaca gemantung tembunge. Upamane alis & alise diwaca alés & alise. Irung & irunge diwaca iróng & irunge
Jalaran saka sistim iki, akèh tembung2 sing tulisané pada, pocapane béda lan tegesé uga béda. Conto:
Kere bisa diwaca keré utawa kéré
Gendeng bisa diwaca gendeng utawa gendèng
Cemeng bisa diwaca cemeng utawa cemèng
Emut bisa diwaca emut utawa émut
Kuthuk bisa dhiwoco kuthuk utawa kuthók.
Tulisan putih bisa diwaca putih bisa putéh
Tulisan garing bisa diwaca garing bisa garéng
Sumber[besut | besut sumber]
- Katrangan pepak bisa dipriksani ana ing website Sesotya Pita: https://web.archive.org/web/20050430083059/http://www.geocities.com/sesotya_pita/ejaan.htm