Kindu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lokasi Kindu, kutha krajan Provinsi Maniema ing Républik Dhémokratik Kongo

Kindu iku kutha ing Républik Dhémokratik Kongo lan wujud kutha krajan saka provinsi Maniema. Kutha iki duwé populasi watara 200.000 sing ndunungi lan ana ing kiwa-tengené Kali Kongo ing kadhuwuran watara 500 mèter, lan ana ing 400 km ing sisih kulon Bukavu, kutha krajan provinsi Sud-Kivu.

Kindu kagandhèng lumantar sepur menyang kutha-kutha Kalemie, Kamina lan Kananga. Kindu uga duwé sawijining lapangan udara kanthi dawa landhesan 2.200 mèter. Dalan-dalan ing provinsi Maniema akèh-akèhé durung rata lan kahanané ala.

Kutha iki wujud punjer sing wigati kanggo pangadolan gadhing, emas, lan batur tukon suwéné abad angka 19. Para pedagang batur tukon saka Arab-Swahili wiwit dagang ing kéné wiwit taun 1860 lan ngirimaké dagangané liwat dalan dharat menyang Zanzibar. Lambang-lambang kabudayan Islam lan Swahili tansaya katon ing Kindu.

Akèh-akèhé barang sing dikirimaké menyang kutha iki teka saka kutha-kutha Goma, Bukavu, lan Kinshasa liwat jalur udara.

Kindu ana ing 2°57´S, 25°55´E ing kadhuwuran watara 1500 kaki ing sandhuwuré lumahing laut.

Uga delengen[besut | besut sumber]


Cithakan:Républik Dhémokratik Kongo-geo-stub