Menyang kontèn

Persis Solo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Stadhion Manahan (lawas) Kandhang Persis Solo
Persis Sala
Logo Pesrsis Sala
Jeneng dawaPersatuan Sepakbola Indonésia
Surakarta
ParabanLaskar Samber Nyawa
(en: Samber Nyawa Army)
Jatayu Sala (en: Sala Jatayu)
Yasa1923 ground = Manahan Stadium
Surakarta
Momotan20.000
BakuKaesang Pangarep 40%
Kevin Nugroho 30%
Erick Thohir 20%
MantriIndhonésia Kaesang Pangarep
LigaLiga 1
2022-23Premier Division, 10th
Kandhang
Njaban

Persis Sala yaiku klub bal-balan kang diadegaké nalika taun 1923 ing Kutha Surakarta, Jawa Tengah, Indonésia.[1] Persis Sala yaiku raksasa bal-balan Indonésia ana ing jaman dhisik, Persis tau dadi juara kompetisi Perserikatan kaping pitu, nanging kajayan mau ana nganti pungkasan taun 1940-an, amarga sawisé iku tim persis degradasi nganti tekan Divisi 3.[1] Ana ing mangsa 2006 Persis bisa dadi jawara loro utawa runner up nalika main ing Divisi Satu Liga Indonésia.[1] Amarga prestasi iki persis banjur promosi menyang Divisi Utama ana ing mangsa kompetisi 2007-2008. Saiki Persis markase ing Stadion Manahan, kang duwé kapasitas 20.000 panonton.[1] Persis dijuluki "Laskar Samber Nyawa".[1] Persis duwé suporter fanatik kang biyasa dijenengi Laskar Pasoepati (Pasukan Soeporter Pelita Sejati).[1] Ketua Umum Persis taun 2006 yaiku FX Hadi Rudyatmo utawa kang akrab disapa Rudy. Manajer: Sumartono Hadinoto, dibantu déning asisten manajer lan Sekretaris Manajer Abraham EWT.[1]

Sajarah[besut | besut sumber]

Wiwitan diwangun persis dijenengi Vorstenlandsche Voetbal Bond (VVB), yaiku kaya parsarékatan bal-balan kang ana ing Kutha Sala.[2] VVB yaiku dadi pelopor bal-balan kang ana ing Indonésia.[2] Dianggep pelopor bal-balan ing Indonésia amarga VVB kadhapur sadurungé klub-klub bal-balan ing Indonésia, malah uga sadurungé PSSI utawa Persatuan Bal-balan Seluruh Indonésia.[2] VVB didirikake wiwit taun 1923 déning Sastrosaksono saka Klub Mars lan R. Ng. Reksodiprojo lan Sutarman saka Klub Romeo.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]